Arsip Endank Soekamti 8th Album

Podo Podo

Podo Podo

Podo Podo mangan sego ngombe toyo
Podo Podo duwe roso duwe kerso
Podo Podo kudu urip lan makaryo
kabeh podo seduluran

Podo Podo sugih adat lan budoyo
Podo Podo ngidak lemah nusantoro
Podo Podo urip rukun sak gendero
kabeh podo seduluran

seduluran kui kudu iso nrimo
seduluran kui kudu iso nompo
seduluran kui kudu iso njogo
ojo nganti kabeh podo ngawe goro goro

Podo Podo urip ayem pengen tentrem
Podo Podo seneng guyu mesam mesem
Podo Podo seneng slentam karo slentem
kabeh podo seduluran
podo urip bebarengan 
kabeh podo seduluran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar